![]() |
Ngapusi buwak kali! |
"Ngisin-isini rak, Ton. jare meh kabeh sekolah ning Semarang bocor. Nek rak gek ndhang didandani mesakke bocah-bocah sinaune dadi orak tenang," kandhane Lik Dul, wektu melu kerja bakti negori pang-pang sing meh nyangkut kabel listrik.
Tak kira rak mungkin bocor kabeh, Lik, wong kondisi sekolah lan muride beda-beda.Tur maneh pengawasane saiki luwih ketat.
"Pancen orak kabeh,Ton, naming sing bocor mayan akeh. Lha mbiyen mbangune piye ya? Nek rak pemboronge krenyeh, mesthi pimprone kakehan mlintir anggaran," teges Lik Dul.
Krungu omongan kuwi, aku dadi mak dheg. Wah, Lik Dul mesthi salah informasi ki. Dikira sing minggu wingi digegerke kuwi perkara sekolah sing genthenge bocor. Padhalan sing bocor seje genthenge. Lho sampeyan entuk informasi soal bocoran seka endhi, Lik?
"Gek wingi si Nang crita nek ulangan semesterane dibaleni merga ana sing bocor. Lha nek kertas lembar jawabane teles kan ya rak isa ditulisi to, Ton," jawab Lik Dul.
Blaik. Lik Dul mesthi ngrungokke critane si Nang mung setugel. Orak nggatekake tenana merga dianggep omongane cah cilik. Iki akibate nek wong tuwa nganggep cah cilik rak reti apa-apa, dadine malah salah tampa.
Si Nang pancen bener, Lik, minggu wingi akeh bocoran. Naming sing bocor seje genthenge sekolah naming soal ulangan. Kasus iki konangan merga ana murid sing biasane pahpoh, ulangane entuk apik. Jare bocah-bocah padha urunan tuku bocoran sing regane Rp 800.000. Bar kuwi padha nggawe kepekan terus sumebar ning pirang-pirang sekolah.
"Wah gaswat. Si Nang kudu tak takoni maneh ki. Nek iji cilik wis urikan, suk gedhe meh dadi apa?" kandhane Lik Dul, rada mberung.
Stel kendo, Lik. Rak kabeh murid gelem ngepek. Ijik akeh sing nyekel prinsip entuk biji pira wae rak masalah sing penting seka utekke dhewe.
Malah cah nom-nom saiki lagek giat ngampanyeake "Berani Jujur Hebat". Kegiatan kuwi kanggo mringati Hari Antikorupsi lan ngelingke kasus sing setaun kepungkur kebongkar ning Semarang.
"Jaman aku ijik cilik nek ana cah tukaran mesthi ji jen, liyane mung nonton lan nggawe kalangan. Nek sing kalah wis muni embek, sing menang mundur karo ndegek. Sing kalah pancen babak bunyak, naming ora ngasi mlebu rumah sakit," kandhane Lik Dul.
Deknen prihatin merga jiwa kesatria wis luntur. Cah saiki wanine kroyokan.Nek ana masalah ngendelke jurus endha. Ajaran "Jujur makmur" wis dikalahke mbek paham "jujur ajur".
"Dampake wis ketok, Ton. ijik sekolah ngepekan, nggolek gawean nganggo sogokan, nek wis ndhuwe jabatan nyetutan. Mumet aku!" kandhane Lik Dul mbek cekelan bathuk.
(Disadur dari rubrik "Rame Kondhe" Kandhane Hartono, sebuah rubrik ala Semarangan di koran Suara Merdeka. Rubrik ini mengisahkan seputar permasalahan di Semarang, tentunya dengan gaya khas Semarang-nya. Logat, dialek, dan lain-lain yang selalu membuat saya kangen dengan kota ini. Walaupun sering banjir maupun rob, panas, tidak jadi mengapa. Tulisan repost ini saya dedikasikan buat kota Semarang, kota tercinta saya. tidak peduli bagaimanapun. Saatnya Semarang Setara !!)