Ing sawijining dino, ning tanah adoh
seko jawa kono. Ono cerito, cerito nyatha, opo anane, lan nggenah kedadeyane.
Cerito iki marakke aku kudu ngelus
dada. Dadaku dewe lho ya, dudu dadane wong liyo...
Dadi ringkes cerito, mergo ono
kedadeyan kui mau pemikiranku iso mbagi jenis wong kui dadi 4 jenis:
Sing kepisan, wong sing meneng,
anteng, kalem amargo ora iso, ora mudeng, ora wani.
Sing kepindo, wong sing petakilan,
jumowo, crigis, usil amargo wong iku pancen iso, nah mergo rumangsa iso dadi
gedi sirahe.
Sing ketelu, wong sing meneng, anteng,
kalem amargo emang watake koyo ngono, padahal asline wong kui iso, mahir, ahli.
Nek gelem ki lho deknen iso sombong karo wong liyane, nanging yo mergo wes
watake menengan yo piye meneh. Deknen tetep stel kendho karo sak kelilinge
wong.
Sing kepapat, wong sing petakilan,
jumowo, crigis, usil, meskipun wong iki ngerti deknen gak iso, gak ahli, dan
gak mudeng. Biasane wong koyok ngene iki, nduwe tingkah laku koyok ngene yo ben
nutupi kekurangane kui.
Nah, coba dipikir awakmu ki melu sing
ndi? Nek aku yo jelas... aku termasuk sing... rahasia to yaaa...
Dadi kesimpulane dino iki yaiku, aku
ketemu karo wong sing penguripane koyok kategori kepindo. Yo kui wong sing
petakilan, jumowo, crigis.. pinter sih, tapi nek cara londho ngomonge bad
attitude. Arep wae aku emosi, untunge aku cepet-cepet ndang gage lungo ning
kamar mandi. Raup. Ben seger pemikirane.
Nah iki, aku bersyukur banget iso
nahan emosi. Sebab, wes akeh penyesalan-penyesalan sing ono nek perkoro kesulut
emosi.
Mulane to cah, aku ki seneng ketemu
karo wong ning kategori pisan karo ketelu. Wes menengan gakpopo, angger dijak
omong yo ngomong tho, nek mbok jak omong tapi ra nyauri mungkin wonge turu. Perkoro
wonge (ngapunten) rada bodho, ora iso, ora mudengan,, yo ra masalah. Jenenge menungso
ki yo raono sing sempurna, kabeh bener, kabeh kudu iso. Yo nek emang kurang, yo
ditompo karo ikhlas.
Daripada cah, kowe ketemu wong sing opo
kui mau,, bad attitude... lha opo ra marai mangkel dewe ning ati.
Mring babagan crito iki, aku dadi
sadar ngopo biji-biji pengurusan duit (baca: nilai-nilai kementerian keuangan) kui
sing nomer siji yo integritas lagi profesional. Integritas kui ra adoh seko
attitude, lha nek profesional ra adoh seko kepinteran, kemahiran. Iso mikir
to??
Kok yo jek ono penguripan koyok
ngene...
Aku njaluk ngapuro yo...
Lha piye meneh...
Wes kelewat e...